geguritan bukit sinawing : Riswo Mulyadi

Standar

GEGURITANKU YANG dimuat di Majalah Banyumasan ” ANCAS” edisi April 2014 :

8 April 2014 pukul 15:10

PublikTemanTeman selain KenalanHanya SayaKhususTeman DekatWilayah Purwokerto, Jawa Tengah, IndonesiaLihat semua daftar…Wilayah Cihonje, IndonesiaPGAN PurwokertoGersuasKenalanKembali

1. MACA

latihan maca

maca awak

maca tepak

maca batin

maca isin

maca impen

maca titen

maca rasa

maca jiwa

latihan maca

latihan ngrasa

latihan ngaca

RM, 2014

2.Desember

pungkasan kang lumaku nolah-noleh

ngarep tumeko karep sumendheh

mburi sinawang lelakon sumeleh

katon cetha lelaku durjana tumepak dlamakan

mbamba

mbranang

kumepul kukus dupa maksiyat

nggedhor-nggedhor lawanging langit

duh Gusti,kula sumendheh

nyadhong sih kawelasan

Cilangkap, 141213

3.Kelayu

risban kiye dadi seksi

saben wengi tlupuh pring wulung tek keloni

kinclong kelabur kringet

kumergaya mung risban kiye

sing ra prenah wadul wewadiku

risban tinggalane eyang buyut kiye kanca gremengan

ngaya-ngaya eseme prawan kampung sing lencir kuning

inyong mung bisa nyawang

rambute sing ngandhan-andhan

ah

kayangapa iloken

ndina-ndina inyong kelayu

arepan nembung isin kambi awaku

pedinane mung mloka-mlaku

indahnya.jpg

ra bisa mopok lan mluku

biyung, anakmu pengin rabi ningen wedi

ra bisa tuku lenga wangi

Pinggir Kali Tajum, 01102013

4. mBLENDHOS

leha-leha nyruput kopi

weteng mblendhos kaya sapi

bathuk mlenos kringet mili

nangapa rika ra ngrumangsani

sapa jane sing gawe kursi

kaki Sardi mrebes mili

ngenteni rika mbayar kursi

nganti gering mung disemayani

sardi…. sardi

batine mung ndrewili

RM, 2014

5.Sinawang sekang Sinawing

nek disawang sekang Sinawing

katon cetha wela-wela

wewayanganing batinmu kang mencorong

madhangi sela-selaning krinyu lan alang-alang

senajan mung nyandhing sambel tlenjeng,

godhong gandhul rawun,

sega oyek lawuh buntil

atimu tetep jembar

ngileni batine sinawing

luhmu kang tumetes, ngadhem-adhemi ati

kaya banyu tuk Taman Sari

kaya tuk Banyu Mudal

kang ora prenah garing ing mangsa ketiga

esemmu

ngawe-awe

ngedani

inyong meri

inyong gandrung

inyong kedanan

sliramu

Cilangkap, 6 Nov. 2013

KEMINJAL

Standar

Anggitanipun : RISWO MULYADI

(kanggo kanca-kanca alumni PGA 1987 sing lagi reuni)

 

Binarung swaraning  bayu kang sumilir,

Ana swara alus tetangisan

Jero

Sajeroning  nala

Anganyut-anyut

ngelus-elus githok kang mawa anyes

Kelingan jaman semana

………………………………………………………………….

Hanenggih wonten pundita wau

Wontening PGA Negeri Purwokerto warsa 1984 – 1987

 

Seduluuuuuuuur

Gemiyen,

selawe tahun kepungkur

Inyong karo rika dudu sapa-sapa

Mung bocah sing lagi keminjal

Kaya cempe mulai birahi

Kemlithi

Owah-owahan

bocah desa

Sing mulai nggaya kota

Kaya iya-iyaha

 

Gemiyen,

selawe tahun kepungkur

Inyong  – rika

Ngertine butuh jaluk wong tua

Ra ngerti wong tua rekasa

Nek jaluk kudu ana

Sedulur,

siki wis padha misuhur

Dadi jalma luhur

Bandane mawur-mawur,

Ningen Aja kelalen sanak sedulur

 

Eling, rika gemiyen padha ngawur

Angel diatur

Sedulur,

Gemiyen inyong sapa

Rika sapa

Siki ya ora arep dadi apa-apa

Ora dadi sapa-sapa

Tanpa urun piwulange guru-guru kita

Mung  nunggu  tua

Bathuke  tambah amba

Kakehen rengga

 

Siki mulai kemlithak

Seneng aweh pitutur

Kaya iya iya ha

Ra kelingan lakuning awak

Jaman kepungkur

Hahahahahahaha

 

Pancen, owah-owahane jaman

Inyong – rika  gemiyen esih bocah

Siki padha duwe bocah

Ana sing wis di sebut embah

Moga-moga pikirane ora owah

 

Hahahahahahaha

 

 

Selawe tahun kepungkur,

Aku kelingan

Ana bocah cilik semrinthil

Rambut kriwil

Jaile ra ketulungan

Siki, ….. rambute

Mulai katon arang

Bathuke kaya lapangan mburi sekolahan

Tekan siki Jaile esih kumat-kumatan

 

Sedulur lanang

Sedulur wadon

Siki inyong rika wis werna-werna

Ana sing dadi priyayi

Ana sing dadi kyai

Ana sing dadi pulisi

Ana sing kaya kyai tapi pulisi

Ana sing kaya pulisi tapi kyai

Ana sing dadi guru

Ana sing dadi gurune guru

Ana sing dadi bau

Pokoke werna-werna pisan

Ningen

Inyong – rika

Tetep siji

Muride pak Madadi

Pak Muslh lan pak Matori

Pak Daliman, Pak Ilyas, lan Pak Sukidi

Bu Nur Abidah, Pak Tohir, Pak Ahmadi

Pak Sugeng dalah pak Almahdi,

Pak Tarso, Pak Abdul Gani

Pak Abas, Pak Kadirin, lan bapak ibu guru sing ra bias tek sebut siji-siji

Mula padha eling lan nyawiji

Andum dedongan marang para pinundi

Mugya tansah linuberan berkahing gusti Alloh kang Maha Suci

 

Sedulurku sing wadon

Jebule rika siki esih ayu-ayu

Najan suwe ra ketemu

Sing lanang esih katon gagah

Najan uwane wis padha munggah

 

Kanggo sedulur sing mulai ngrasa wagu

Lan mulai angel golih turu

Merga brisik dening jeritane putu

Padha sing sabar

Ra perlu padha susah

Merga kabeh kudu diambah

 

Ayuh siki padha bungah-bungah

Ketemu kanca sekolah

Sing wis swe pada pisah

 

Ayu pada njiret pasrawungan

Kena kanggo paseduluran

Sapa ngerti

Mbesuk tembe

Ana sing padha besanan

Sugeng pinanggihan,

Sugeng hangrajut kapang

Mugya rahayu ingkang tansah pinanggih.

 

Nuwun.

TRESNAKU

Standar

Tresnaku
Tresnaku rinajut ing telenging nala
Rinakit dadya gurit sepada
Kumantil kantil ing netra
Tanpa swara

Tresnaku
Ana tetangisan alus
Ngiris-ngiris bebayu
Lemes dedes

Tresnaku
Tetangisan dhewe
Merga sliramu
Ra krungu kidunge atiku
Kang memuja
Manages

Lirih atiku takon
Sajatine
Sapa
Sira ?

INYONG SAPA

Standar

Inyong Sapa

Jan-jane inyong kiye sapa
Urip neng desa pinggir alas tua
Ningen uripe gaya kota
Najan pengalaman tetep ndesa

Jan-jane Inyong sapa
Urip neng desa pinggir alas tua
Sing bener-bener ndesa
Dalane jeblog
Listrik nyalur tangga
Ningen sikile wegah belok

Jan-jane inyong sapa
Urip neng pinggir kebon
Ningen wegah nyekel pacul
Apa maning mikul

Jan-jane Inyong sapa
Wong desa
Pangling karo desane

Cilangkap, 9 Juni 2012

WULAN

Standar

WULAN

Wulane jan-jane gedhe

Ningen apa jalaran langka kuwunge

Banjur cahya perakmu kang sumirat ra bisa nyengsemake atiku

Nganti teka tanggal rolas robi`ul awwal

Tetep bae kaendahanmu tetep ilang

Najan mung wewayangane

Apa jalaran gombol alang-alang sing liar kae

Apa jalaran ati kiye wis picek

Nganti ra bisa nyawang sesawangan kang asri

Apa jalaran aku dudu penganten anyar

kang mabok asmara lan kemayang-kayang

kesengsem maring kaendahaning katresnan

nganti selimut sutra jingga kae

malik rupane dadi abang mbranang jalaran slambruh

hai atiku,

delengen sing prasaja

aja gelem dilombo pengilon bures kae

jalaran picekmu iku

bilai sing medeni

delengen

sawangen

mesti sliramu ngerteni

yen kuwe wulan purnama

nggendhuwer

maen pisan

tekan pinggir langit

emas inten ora sebanding

lamon sesandingan karo dheweke

senajan adoh tanpa wangenanGambar

Karang Anjog, 12 Robbi`ul awwl 1432 H